ELING PATI
لا الَهَ الاَّ اللهْ اَلْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْن
مُحَمَّدٌ رَّسُوْل اللهْ صَادِقُ الْوَعْدِ الأَمِيْن
Allohu robbi pangeran kula Rante geni gada geni
Nabi muhammad nabi kawula Cawisane wong kang wani
Agama islam agama kula Gumampang dawuh pangeran
Kitab Qur’an panutan kula Aja gumampang tinggal sembahyang
Nabi muhammad nabi kawula Cawisane wong kang wani
Agama islam agama kula Gumampang dawuh pangeran
Kitab Qur’an panutan kula Aja gumampang tinggal sembahyang
Baitullah kiblat kawula Luwih eco luwih mulyo
Imam safi’i imam kawula Rasane wong nang suwargo
Mu’min lanang lan mu’min wadon Patangpuluh loro widodari
Sedaya tiang mu’min sederek kula Kasur babut mendut-mendut
Imam safi’i imam kawula Rasane wong nang suwargo
Mu’min lanang lan mu’min wadon Patangpuluh loro widodari
Sedaya tiang mu’min sederek kula Kasur babut mendut-mendut
Ayo-ayo pada ngibadah Krusi gading ranjang kencana
Mumpung ana ya uripe Klambu sutra ditretes nginten
Badan siji ginawa mati Cawisane wong kang ngabekti
Aja kaya kebo sapi Maring pangeran kang maha suci
Mumpung ana ya uripe Klambu sutra ditretes nginten
Badan siji ginawa mati Cawisane wong kang ngabekti
Aja kaya kebo sapi Maring pangeran kang maha suci
Eling-eling sira manungso Ono tangnis kelayu-layu
Tobato Sa’durunge mati Tangise wong kang wedi mati
Ojo tobat sa’wise mati Gedongono dikunciono
Ora den trimo pitobate Wong mati mongso wurungo
Tobato Sa’durunge mati Tangise wong kang wedi mati
Ojo tobat sa’wise mati Gedongono dikunciono
Ora den trimo pitobate Wong mati mongso wurungo
Luwih loro luwih susah
Rasane wong nang neraka
Klabang khures kala jengking
Klabang geni ula geni
Rasane wong nang neraka
Klabang khures kala jengking
Klabang geni ula geni
RUKUN ISLAM
Utawi rukune islam iyo iku ono limang perkoro
Ingkang dingin moco syahadat loro
Kapindone sholat limang wektu
Kaping telu zakat kelawan fitrah
Kaping pate puasa wulan romadlon
Kaping limo munggah haji maring mekah
Lamon kuasa maring sangnune
Ingkang dingin moco syahadat loro
Kapindone sholat limang wektu
Kaping telu zakat kelawan fitrah
Kaping pate puasa wulan romadlon
Kaping limo munggah haji maring mekah
Lamon kuasa maring sangnune
INNALLOHA GHOFURURROHIM
اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ
اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ اِنَّ اللهَ غَفُوْرٌ الرَحِيْم
Gusti Alloh kulo nyuwun ngapuro (2x)
Sekatahe dosa kulo, dosa agung kelawan dosa alit
Mboten wonten ingkang saged ngapuro (2x)
Sa’ lintune Alloh kang maha agung,
Kang ngratoni sekatahe para ratu
Iyo iku Alloh asmane (2x)
Kang kagungan sifat rohman,
Kang kagungan sifat rohim
PANGAJAK SHOLAT SHUBUH
سُبْحَانَ اللهِ والْحَمْدُ اللهِ (الله) وَلاَ اِلَهَ اِلاَّ الله (هُوَ الله) الله اَكْبَر
عَالِمُ الْغَيْبِيْ والشَّهَدَتِيْ (الله) وَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَالُنَاِ
أَمَنْتُ بِاللهِ وَالمَلاَئِكَاتِهِ (الله) وَ كُتُبِهِْ
لاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةّ اِلاَّ بِاللهِ الْعليِّ الْعَظِيْم وَرُسُوْلِهِ وَالْيَوْمِ الآخِرِ
وَبِالْقَذَارِ خَيْرِهِ وَشَرِّهِ مِنَ اللهِ تَعَالَى
Wektune shubuh turune ojo ngenak-enak
Ono geni mulad-mulad genine saking neroko
Geni saking neroko, biso nyebut asmane Alloh
Lailaaha ilalloh muhammadurrosuululloh
NYUWUN NGAPURO
اللهُمَّ اغْفِرْلِيّ ذُنُبِيْ وَلِوَالِدَيَّ وَارْحَمْهُمَّا (وارحمهمّا) كَمَا رَبّيَانِيْ الصَّاغِرَا
Yaa Alloh kulo nyuwun ngapuro
Sekataeh dosa kulo
Lan dosane tiang sepuh kulo
Ugi umat islam sedoyo
Ugi umat islam sedoyo
MILADUNNABI
الللهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ يَارَْبِّ صَلِّ عَلَيْهِ وَسَلِم
Gusti kanjeng nabi muhammad lahir ing mekah
Tanggal rolas maulud, dinten senin tahun gajah
Ingkang ibu asmane siti aminah
Ingkang bopo asmane sayyid ngabdulloh
Tanggal rolas maulud, dinten senin tahun gajah
Ingkang ibu asmane siti aminah
Ingkang bopo asmane sayyid ngabdulloh
NYUWUN JAWAH
اَسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمِ الذِى لاَاِلَهَ اِلاَّ هُوَ الحَيُّ القَيُّوْ مُ وَأَتُوْبُ الَيْهِ
(رَبَّنَا يَا رَبَّنَا) رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَاِنْ لَمْ تَغْفِرْلَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّا مِنَ الخَاسِرِيْنَ)
اللهُ يَاكَريْمِ (يا كريم) اَنْزِلْ عَلَيْنَا مِنَ السَمَاءِ (السماء) مَاءً مِدْرَارَ
SHOLAWAT NARIYAH
اللهُمَّ صَلَّ صَلاَةً كَامِلَةَ وَسَلِمْ سَلاَمًا تَامًّا عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ الَّذِى تَنْحَلُّ بِهِ
الْعُقَدُ وَتَنْفَرِجُ بِهِ الْكُرَبُ وَتُقْضَى بِهِ الْحَوَائِجُ وَتُنَالُ بِهِ الرَّغَائِبُ وَحُسْنُ الْخَوَاتِمِ
وَيُسْتَسْقَ الغَمَامُ بِوَخْهِهِ الْكَرِيْمِ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ فِى كُلِّ لَمْحَةٍ وَنَفَسٍ
بِعَدَدِ كُلِّ مَعْلُوْمٍ لَكَ
SHOLAWAT NURIL ASHROR
اللهُمَّ صَلِ عَلَى نُوْرِ الآنْوَارِ وَسِرِّ اللآسْرَارِ وَتِرْيَاقِ الآغْيَارِ وَمِفْتَاحِ بَابِ الْيَسَارِ
سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدِ الْمُخْتَارِ وَاَلِهِ الآطْهَارِ وَاَصْحَابِهِ الآخْيَارِ
عَدَدَ نِعَمِ اللهِ وَاِفْضَالِهِ
ISTIGHFAR
اَسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمِ مِنْ كُلِّ دنْبِ العَظِيْمِ
لاَ يَغْفِرُ الدُنُوْبَ الاَّ رَبَّ الْعَالَمِيْنَ
ELING-ELING
لا الَهَ الاَّ اللهْ اَلْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْن
مُحَمَّدٌ رَّسُوْل اللهْ صَادِقُ الْوَعْدِ الأَمِيْن
Eling-eling siro manungso
Ngelingono agonmu sholat ngaji
Mumpung durung katekanan
Malaikat juru pati
Panggilane kang moho kuasa
Gelem ora bakal digawa
Disalini sandangan putih
yen wes budal ora bakal mulih
Tumpakane kereta jawa Gada geni rante geni
Roda papat rupa manungsa Cawisane wong kang wani
Jujugane umah guwa Ing wani marang pangeran
Tanpo bantal tanpa klasa gumampang dhawuh pangeran
Omahe ra ana lawange Luwih mulyo luwih mukti
Turu ijen ra ana kancane Rasane wong ana suwarga
Ditutupi anjang-anjang Cinawisan widodari,
Diurug den siram kembang Patang puluh punjul siji
Tangga-tangga pada nyambang Kasur babut den rendrani
Tangise koyo wong nembang Cawisane wong kang bekti
Yen ngajine arang-arang Ngabekti marang pangeran
Mertanda imane kurang Ngambuh dhawuhe pangeran
Luwih lara luwih susah Ono tangis kelayu-layu
Rasane wong ana neraka Tangise wong kang wedi mati
klabang khures kalajengking Gedongono di kunci ono
Klabang geni ulo geni Wong mati mangsa wurungo
TOMBO ATI
اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ
عَدَدَ مَا فِى عِلْمِ اللهِ صَلاَةً دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ
Tombo ati iku limo perkarane
Ingkang dingin moco quran sa’ ma’nane
Kapindone sholat mbengi lakonono
Kaping dzikir mbengi ingkang sue
Kaping pate weteng iro luwehono
Kaping limo ahli ngilmu kumpulono
Sopo wonge sawiji biso ngelakoni
Insya Alloh hutangala nyembadani
DOA SAPU JAGAD
رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةْ وَفِى الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Yaa Alloh ing ndunyo kulo nyuwun sekeco
Mugi teng akherat wilujeng saking sikso
Yaa Alloh ing ndunyo kulo nyuwun sekeco
Mugi teng akherat wilujeng saking sikso
TELU AMAL
عِبَادَ اللهِ رِجَالَ اللهِ أغِيْثُوْنَا لاَِجْلِ اللهِ
وَكُوْنُوْا عَوْنَنَا ِللهِ عَسَ نَحْظَى بِفَضْلِ اللهِ
Eling-eling awak siji
Bakal nyicipi ing pati
Sowan marang ngarsa gusti
Allah ingkang maha suci
Wong kang mati sekabehe amal
Iku putus kanti total
Kejaba sing ora petal
Ana telu yen ditotal
Mulo wong kang anduweni Ingkang nomer loro ngelmu
Anak sholeh migunani Kang di alap anak putu
Tumeko mbesuk wes mati Anak sholeh nomer telu
Wong tuwo sih dielingi Kang bakal nyiram kuburmu
Beda yen kang anak mursal Para sedulur do elingo
Sebab kemrosotan moral Anak kang wani wong tua
Ing wong tua ngawe jengkel Dudu salahe wong liya
Dituturi malah ngomel kang salah ibu lan bapa
Kang siji amal jariyah Mulo anak ora ngaji
Nyumbang masjid lan madrasah Ilmu agama ra di isi
Ganjarane terus sumambrah Ing ndunyo ngelarake ati
Tumeko ing alam barzah Ing akherat ngeropoti
SEKARAT PATI
يَا مُهَيْمِنُ يَا سَلاَمْ سلِّمْنَا وَالْمُسْلِميْنَ
بِالنَّبِى خَيْرِ الآنَامْ وَبِأُمِّ المُؤْمِنِيْن
Larane sekarat pati, Ninggal sholat ninggal ngaji,
Loro sewu dadi siji Mung ma’siat kang dilakoni
Mergo uripe podo lali, Mula urip sing ati-ati,
Marang tuntunan agami Tembe mburi ben ora rugi
PITAKON KUBUR
اللهُ الْكَافِى رَبُّنَا الكَافِى قَصَدْنَا الْكَافِى وَجَدْنَا الْكَافِى
لِكُلٍ كَافِى كَفَانَا الْكَافِى وَنِعْمَ الْكَافِى الحَمْدُللهِ
Para sedulur mangertenana
Yen ing alam kubur bakale ana
Ana pitakon nem perkara
kudu bisa’a anjawab sira
Kaping sepisan pitakonane Kang kaping papat pitakonane
Gusti Pangeranmu iku sapa? Kiblat ira ya iku apa?
Nuli njawabpo kelawan cetha Ka’baitullah iku kiblat kula
Yen gusti allah pangeran kula kaya mengkono njawabo sira
Kang kaping pindo pitakonane Kaping limane pitakonane
Sapa iku kanjeng nabi niro? Ya apa iku panutan sira?
Enggal njawabo kelawan cetha kitab Al-qur’an njawaba sira
Yen Nabi Muhammad nabi kula Ya iku kitab panutan kula
Kaping telune pitakonane Kang kaping enem pitakonane
Ya apa iku agama nira? Ya sapa iku sedulur sira?
Jawabane ora ana liya Kaum muslimin uga muslimat
Ya iku islam agama kula Ya iku kabeh sedulur kula
PENGINGAT
اللهمّ صلى على محمد اللهمّ صلى على محمد
ياربّى صلى على محمد ياربّى صلى عليه وسلم
Wong urip ning dunya mung sedeloMasih suwe besuk ning alam baqo
Elingo pati bakale teko
Yen wis teka ora bisa disemoyo
Elingo yen dicabut nyawa niro
Larane ngungkuli wong kang den jera
Mati gemletak ragane jerpumpung
Nyawane den landrat ora bisa jawab ditelikung
Elingo tangie saka kubur
Pada ngadeg pada wuda mintal-mintul
Srengenge duwur diendepake
Bumine seloko pada ngombe keringete
Sambate manungso ngaru woro
Yoiku piwalese dosa niro
Seket ewu taun ning arah-arah
setaune pada seket ewu taun dunya
Elingo ning mahsyar bakal nguwot Lembute rambut pinoro pitu
Shirotol Mustaqim kang den uwot Landepe pitung panyukur tentu
Mlakune iku telung ewu taun Ngisore iku geni mulad-mulad
Jajag mungga mudun pada sewu taun Yen ora rikat mangka bakal kadilat
PENTILE DZIKIR
اللهُمَّ صَلِّى وَسَلــِمْ عَلَـــــى سَيِّدِنَا وَالْمَوْلــَنَا مُحَمَّد
عَدَدَ مَا فِى عِلْمِ اللهِ صَلاَةً ذَائِمَــــةً بِذَوَامِ مُالْكِ اللهِ
اللهُمَّ صَلِّى وَسَلِمْ عَلَى عَبْدِكَ وَنَبِيِّكَ وَرَسُوْلِكَ نَبِيِّ الاُْمِيِّ
وَعَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ ( يَا الله ) اَمِين اَمِين يَا الله رَبَّ الْعَالَمِيْن
Ya Allah gusti nyuwun padange ngati (ya allah)
Wite iman godong syahadat kembang sholawat
Pentile dzikir wohe puji-pujian, (Ya Alloh)
Amin amin yaa allah robbal ‘alamin
8 komentar:
Assalamualaikum wr.wb Bissmillahirrahmanirrahim sederek ingkang Sami-sami muslim... Salam kenal ngeh... Kulo haryanto.. Saking Lampung Selatan nanging sak niki tasih merantau teng Taiwan niku puji2an ne sami... Kaleh ngene kulo pas kulo ngaji teng Cilacap Gandrungmangu.... Nopo niki situse tiang Cilacap... Salam kenal wasalamualaikum wr.wb
Assalamualaikum wr.wb Bissmillahirrahmanirrahim sederek ingkang Sami-sami muslim... Salam kenal ngeh... Kulo haryanto.. Saking Lampung Selatan nanging sak niki tasih merantau teng Taiwan niku puji2an ne sami... Kaleh ngene kulo pas kulo ngaji teng Cilacap Gandrungmangu.... Nopo niki situse tiang Cilacap... Salam kenal wasalamualaikum wr.wb
Diwoco, nang ati mbarai ayem mulo kabeh lek moco podo mesem:v
Jowo kentel, pituture poro sunan marang santri" nipun
nyuwun sewu nopo wonten ingkang gadhah mp3 ne nipun ngge???
Di woco karo lagu lagu sing cocok sak durunge iqomah karo nunggu jamaah... adem...
Mohon dukungan doa untuk saya sudah 5 tahun sakit stroke dan insomnia. Terima kasih. M. Suroso
Moco Iki atine sg mikine gelisah dadi adem ayem
Posting Komentar